Aksi Kayim


Siki wis mlebu bulan Rabiul Awal kalender Islam. Wong-wong neng Desa Jenong biasane nyebut bulan gie Bulan Mulud. Akeh acara sing biasane diadakna neng mejid. Ora gelem kalah, wong-wong kang jaba ya pada meluan teka meng Jenong nggo melu ngrayakna muludan. Salah sijine neng lapangan Kridasari, biasane ana pasar malem gede-gedenan. Jarang-jarang ana pasar malem neng kene, dadi wong-wong atine pada bungah terus pada ramean dolan meng pasar malem. Termasuke muda-mudi sing akhire due kesempatan nggo caper. Apa maning bocah cilik, sing gari ngomong tok meng wong tuane nek arep meng pasar malem. Nek misale ora dituruti, kari nangis bae, ngko langsung mangkat. Minim-minime ya ditukokna aromanis neng wong tuane, etuk-etuk tok men bocahe mandan bombong.

Sayange, Kayim ora. Wis nangis melung-melung ngasi tanggane pada krungu tapi tetep ora dituruti meng pasar malem, mung ditukokna gembus neng biyunge. 

“Geh, mangan gembus bae. Ora usah meng pasar malem, Yim. Bocah koh senengane tuman,” jare biyunge Kayim balik nukokna gembus nggo Kayim gara-gara mau nangise ora rampung-rampung.

“Lah, nyong pengine numpak undar udu mangan gembus,” jawabe Kayim karo sentlap-sentlup umbele bar nangis.

“Mamake lagi ora duwe duwit nggo tuku karcis, Yim. Wis, gembuse bae dipangan. Bapak jaluk siji, Yim. Enak gue kayane, yah. Duhhh, melu ngiler koh,” jare bapake Kayim sing nadane mandan madani Kayim. 

Kayim akhire luluh gelem mangan gembus sing digawakna biyunge.

“Bocah mbok singsring disit. Jijih temen,” biyunge Kayim kesuh ndelengi Kayim mangan karo sentlap-sentlup umbel.

Dasare bocahe mbeler karo ndableg, Kayim terus bae ngentekna gembus karo sentlap-sentlup umbel. Ora njawab iya apa langsung mangkat singsring meng kamar mandi, kupinge malah pura-pura budeg ora krungu omongane biyunge. Kayim, Kayim….

----

Ngesuk sorene Kayim ketemu batir-batire neng kidul mejid. Batir-batire Kayim, Rijal karo Bekti, pada cerita nek wingi bar kang pasar malem. Kayim mung mlongo, ora ngerti kepriben rasane numpak undar, kora-kora, karo komedi putar. Tapi ana cerita sing gawe Kayim seneng banget, gue ceritane Rijal pas mlebu umah hantu.

“Nyong yah, wingi geh mlebu meng umah hantu. Wedi banget lah, sumpah. Apa maning karo poconge. Wis, nyong ora wani, tutupan neng mburine bapake terus,” jere Rijal.

“Ana apa maning, Jal?” takon Kayim.

“Heh, koe sih mlebu apa ora, Ti?” Rijal takon Bekti, ora njawabi Kayim.

“Ora, nyong, ora wani lah,” jere Bekti.

“Yawis, mending tek ceritakna bae, priwe? Neng umah hantune ana apa bae. Setuju ora? Pada wani ora kiye nek nyong cerita?” takon Rijal meng Kayim karo Bekti.

“Wani lah!!” jare Bekti karo Kayim barengan.

Rijal ngewenehi kode kon bocah loro gue merapat. Kayim karo Bekti manut. Akhire bocah telu gue nggawe bunderan kaya wong lagi arep cerita rahasia. Sirahe pada nggathuk, siap ngrungokna Rijal cerita medi.

“Oke, siap gie pada?” takone Rijal.

“Siap!” jawabe Kayim karo Bekti barengan.

Rijal terus nyritakna mulai kang mlebu sampe metu. Pas mlebu urung ana apa-apa. Pas mbukak gorden pertama langsung ana kuntilanak lagi jagong. Raine wis ora genah akeh getihe. Terus esih mlaku meng jero ana wit gedang gedeneee eram. Pas esih neng ruangan wit gedang gue lampune esih stitik mandan keton. Pas pirang detik langsung peteng. Blar

Bar gue langsung pocong teka kang mburi karo anjrut-anjrut. Wong-wong sing neng kono langsung melung-melung kabeh kewedenan. Bar pocong, mlebu maning meng ruangan sing ana jendelane. Ana loro jendelane. Neng kono jerene Rijal ora terlalu medeni soale mung ana sikil getihan obah-obah neng jendela, munggah-mudun. Sing jendela sijine sikile nggeser nganan-ngiwe. 

Nah, bar ruangan jendela, mlebu ruangan sing peteeeeng banget tapi rasane jembar. Ternyata neng kono ijig-ijig neng tengah ruangan muncul makhluk ireng buluan seawak gue gedeneee eram. Duwure seruangan umah hantu, sirahe tekan plafon. Rijal wis ora kuat, mung tutupan neng burine bapake kit kang ruangan sing ana poconge. Bar gue ruangan terakhir ana wit gede, ora ngerti wit apa, tapi kaya wit pelem, terus kaya ana tali sing keton mengkilat. 

Pas wong-wong lagi liwat ternyata ana hantu sing susune kewer-kewer tekan ngisor ngluncur kang wit mengisor. Wong-wong langsung pada mlayu keweden. Pas wong-wong pada mlayu, eh ana sing melu-melu mlayu. Hantune cilik-cilik nganggo cawet tok. Tuyul, jenenge, jere bapake Rijal. Gue ruangan terakhir, terus metu, lan wis rampung jalan-jalan neng umah hantune.

“Ihhh, ngeri men. Nyong kayane ora wani, Jal, apa maning sing pada mlayu-mlayu karo tuyul,” jare Kayim.

“Nyong be iya kayane. Untung ora mlebu menganah,” Bekti nanggepi Kayim.

“Oiya, terus ana maning kiye. Ngeneh-ngeneh, merapat maning,” jere Rijal.

“Apa, apaaa?” jawabe Kayim karo Bekti.

Pas bocah telu gue lagi ngrubung maning, ijig-ijig ana sing liwat numpak pit terus negor Kayim, Rijal, karo Bekti sing lagi ngrubung cedek-cedekan kaya pemain sepak bola lagi ngomongi strategi tanding neng lapangan.

“Ehhhhh, ker naon barudak?” jare ibu-ibu sing liwat.

Kayim, Rijal, karo Bekti kaget. Bocah telu gue ora njawab apa sing ditakoni neng ibu-ibu mau, mung bisa ndelengi ibu-ibu gue liwat sampe wonge ora keton gara-gara belok mlebu meng gang.

“Ngomong apa sih mau kae?” Kayim takon meng Rijal karo Bekti.

“Mbuuuuh!” jawabe Rijal karo Bekti.

---

Siki dina Setu, tanggal wolu, wulane Oktober tahun 2022. Sesuai kalender Islam, dina iki ngepasi tanggal rolas Rabiul Awal yaiku peringatan hari lahir Nabi Muhammad saw. Merga dina sing spesial gue, mejid Sabilul Huda ngadakna acara pengajian nggo memperingati Hari Maulid Nabi. Acara dimulai bar isya. Tempate jelas neng mejid. 

Bapak-bapak ditempatna neng halaman mejid, jagong neng kursi plastik sing biasane ana neng hajatan. Terus sing ibu-ibu pada lesehan neng jero mejid, pase neng serambi mejide, udu neng jerone. Bocahan karo muda-mudine menyesuaikan neng tempat sing wis disediakna. Sedangkan, panggung sing dinggo tempat nggo ceramah ustaz ana neng jaba, pase neng etan mejid, ngadep kulon barisan bapak-bapak.

Acara muludan kiye ana panitiane. Panitia-panitia kiye neng ngisor tanggung jawabe Pak Kyai mejid Sabilul Huda, Pak Muh. Dadi, Pak Muh sing ngajak pemuda-pemuda gue meluan ngurus acara mejid. Panitia muludan di antarane pemuda-pemuda Desa Jenong sing manggon neng sekitar mejid Sabilul Huda. Ana Asep, Alan, Wisnu, Sandi, Ibnu, Safik, Vio, and the genk lah pokoke. Saking akehe sampe kelalen sapa bae sing meluan. 

Asep karo Alan tugase ngurus panggon. Wisnu karo Sandi ngurusi peserta pas hari-H. Ibnu ngurusi penjemputan ustaz. Safik ngurusi persoalan teknis detail sing diperlukna neng acara pengajian. Vio tugase mastikna nek konsumsine aman. Vio kiye kerja sama karo Mbah Ratmah, ketua juru masak neng Desa Jenong nek ana acara geden. Nek ana Mbah Ratmah, konsumsi acara mejid pokoke aman terkendali.

---

“Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh. Bapak-bapak, ibu-ibu, lan sederek kaum muslimin wal muslimat ingkang kinurmatan. Saperlu ngawontenaken pengetan Maulid Nabi Muhammad saw, monggo bapak-bapak, ibu-ibu, lan sedulur sekalian rawuh wonten ing masjid Sabilul Huda wayah bakda isya saperlu ngrawuhi acara pengaosan. Waosan badhe dipun isi dening Ustaz Bruku awit saking Kebumen. Monggo, bapak-bapak, ibu-ibu, lan sedulur, rapatkan barisan! Matur nuwun. Wassalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh.”

---

Wara-wara kang mejid diwacakna neng Pak Misri jam loro awan. Kayim kang umah krungu banget mergane umahe ya mung ngalor lima langkah tok kang mejid kui. Dasare bocah mbringsung, Kayim ora patia peduli karo wara-wara gue. Mesti Kayim ngko bengi ya teka tapi mung goleti panganan. Ngko balik maning meng umah.

Bengine acara wis dimulai. Biyunge Kayim ngongkon Kayim metu melu pengajian daripada neng umah bae mung nonton TV. Kayim manut. Pas metu umah, Kayim wis dinteni karo Rijal karo Bekti. Awale bocah telu gue manut gelem anteng mergane wis olih panganan sing dibagikna panitia. Barang mangane wis rampung merga panganane entek, bocah telu gue pada ndopok. Ustaze wis mulai ceramah, tapi bocah telu gue suarane seru banget, maning si Rijal guyune seru eram. Bocah telu gue akhir ditekani neng Sandi karo Wisnu.

“Sssttt, meneng, mbok. Bocah cilik senengane ndopok, ngganggu sing liyane,” Sandi kesuh ndomaih bocah telu gue.

“Iyaa, Mas,” jawab Kayim, Rijal, karo Bekti bareng-bareng. Sirahe pada meng ngisor ngerasa salah.

“Ngko nek brisik maning tek kon bali, tek laporna mbarang meng biyung-biyungmu pada,” ancem Wisnu.

Bocah telu gue ora njawab, tetep ndingkluk keweden. Sandi karo Wisnu balik maning meng mburi, ngrungokna ceramah sekalian ngawasi keadaan peserta. Mbok-mbok ana sing brisik maning.

Mandan suwe Kayim, Rijal karo Bekti meneng, amleng. Bar ana kalimat ceramah ustaze sing nggawe ngguyu wong-wong sepengajian. Bocah telu gue brisik maning. Mbuh ngomongi apa, tapi Rijal tetep sing ngguyu paling seru. Bocah telu gue akhire ditekani maning neng Sandi karo Wisnu.

“Pindah, pindah. Neng mburi bae ngeneh, aja neng kono,” ajak Sandi meng bocah telu gue.

“Pada ngobroli apa sih janeh,” takon Wisnu.

“Ora, Mas, ora. Glewehan tok,” jawabe Rijal.

“Gue Mas lah, si Bekti sing mulai,” Kayim nanggepi.

“Ih, deneng nyong, sih? Genah-genah mau ko disit,” jawabe Bekti ora terima.

“Lah, pada-pada ko. Nyong be mau jawabi ko,” jawabe Kayim.

“Ko lah!” Bekti kesuh.

“Ko!” bales Kayim.

“Heeehhh, wis, wis. Geneng pada padu. Kon meneng koh malah tambah brisik,” Sandi nengahi Kayim karo Bekti. 

Bocah telu gue akhire meneng, neng mburi bareng Sandi karo Wisnu. Pirang menit meneng jagong, si Kayim ngrasa mandan bosen, dadi ngajak Rijal karo Bekti balik meng umahe.

“Heh, meng umahku, yuh. Nyong bosen koh,” ajak Kayim bisik-bisik.

“Ayuh lah. Nyong be iya koh,” jawabe Bekti.

“Nyong be,” lanjut Rijal.

“Yawis, yuh,” jawabe Kayim.

Bocah telu gue akhire balik meng umahe Kayim. Pas gue wis jam sanga bengi. Ceramah Pak Ustaz urung rampung, rasane kayane esih bakal suwe. Kayim ijig-ijig kepikiran sesuatu.

“Hehh, nyong duwe ide geh!!” Kayim ngomong semangat eram.

“Apaa, apaa?” jawab Rijal karo Bekti.

“Wingi kan Rijal cerita umah hantu, ya. Esih kelingan mbok pada sing ana sikil obah-obah neng jendela?” takon Kayim.

“Esih lah,” jawabe Rijal karo Bekti.

“Nah, gie kan wong-wong akeh neng jaba, ya. Umahku be jendelane madep mejid. Jadi, idene nyong, ya, dewek dolanan umah-umahan hantu kang umahku tapi mung sikil sing obah-obah tok. Wong dewek mbok ora bisa dandan kuntilanak apa pocong. Nyong be ora wani ding nek dandan hantu,” Kayim njelasna.

“Priben carane, Yim?” takone Rijal.

“Geh, wong-wong mbok lagi pada neng njaba, biyung karo bapakku be iya. Ngko lampune tek pateni bae, men wong-wong mikire umahe nyong kosong. Terus dewek ngko turonan neng ngisor jendela. Sikile ngko diobah-obahna, gantian, terus sikile tek soroti senter men keton medeni. Priwe, mudeng ora pada?” takon Kayim meng bocah loro.

“Mudeng, mudeng. Ndi sentermu?” takone Bekti.

“Ngko disit tek jikotna, sisan aku mateni lampu. Sok ko pada siap-siap neng ngisor jendela,” Kayim ngekon.

Rijal karo Bekti manut-manut bae apa sing diomongi neng Kayim.

“Wis geh. Siap, ya. Ngko nek wong-wong ndeleng mesti keweden soale ngirane umahe kosong,” omonge Kayim yakin banget.

“Mesti gie mah,” jawabe Bekti.

---

Bocah telu gue akhire dolanan sikil sesuai rencana sing diomongna Kayim. Wis sepuluh menit bocah telu gue dolanan sikil neng jendela.  Rijal karo Bekti wis ngrasa kesel sikile munggah-mudun terus. Ora sengaja lorone njedag-njedug jendela dadi nggawe suara sing mandan seru. 

“Heh, sing bener mbok pada. Aja ana suarane. Sikil tok bae sing obah,” prentahe Kayim.

“Iyaa, iya, sabar mbok. Sikilku kesel geh,” jawabe Bekti.

Pirang menit bocah telu gue esih dolanan sikil, tapi Rijal karo Bekti kayane temenan kesel dadine nggawe suara jedug-jedug terus neng jendela.

“Jal, Ti, mbok sing bener iii...” omonge Kayim tapi kepotong gara-gara ijig-ijig lampu umahe murub.

Ana suara sikil kaya mandan mlayu ngarah meng ruang TV, panggon Kayim, Rijal, karo Bekti lagi melakukan aksi horor-hororan.

“BOCAH PADA NGAPA JANEEH, YAALLAAHHHHH,” biyunge Kayim teka-teka kesuh.

Kayim, Rijal, karo Bekti kaget. Langsung pada mbalik jagong neng ngarep jendela.

“NENG JABA WONG-WONG LAGI PADA PENGAJIAN. MBOK GARI MELU, JAGONG, MENENG, NGRUNGOKNA, MALAH DOLANAN SIKIL NENG JENDELA. JEDUG-JEDUG MARAKNA BRISIK NENG MEJID. SAPA SING MARAIH?” biyunge Kayim takon karo kesuh.

Kayim, Rijal, karo Bekti meneng tok, ora wani njawab pitakonane biyunge Kayim. Ndingkluk tok.

“SAPA SING MARAIH, NYONG TAKON?” biyunge Kayim ngulangi.

“KAYIM, MAMAKE. KAYIM,” jawab Rijal karo Bekti barengan.

“WOOOO, PANCEN BOCAH SIJI KIYE. WIS NGANAH BOCAH LORO BALIK APA MENG PENGAJIAN BAE NGANAH. KAYIM NENG KENE DISIT,” tegase biyunge Kayim.

Rijal karo Bekti manut metu umah balik meng pengajian karo ndingkluk. Matane wis kaya arep nangis.

---

Neng umah tinggal Kayim karo Biyunge. Kayim esih meneng, ora obah babar blas. Awake kaku kaya wis siap kena semprot biyunge.

“Warahane sapa kaya gue?” takon biyunge Kayim meng Kayim.

“Sapa? Nyong takon. Sapa?” biyunge Kayim ngulangi.

Kayim tetep ndingkluk, matane wis mbayu, umbele mulai meler.

“Dadi bocah mbok sing manut. Mbok nyong mau ngomong, jagong neng burine Bapak, melu pengajian bae, sing anteng.”

“Warahane sapa dolanan sikil? Nyong takon, warahane sapa?”

“Ditakoni gue jawab! Malah nangis!”

“Krungu apa ora, Yim, Kayiiimmmm?”

“O… oo… o... O… raa... Maaa,” jawabe Kayim karo nyengguk-nyengguk nangis.

“Ora apa?”

“Ngajak batir-batire ora melu pengajian, lampu umah dipateni, dolanan ora genah. Bocah karepe priwe sih.”

Ijig-ijig Kayim nangise tambah seru. Tekan jaba krungu.

“BOCAH KOH NANGISE TAMBAH SERU! ISIN SING PENGAJIAN PADA KRUNGU.”

Biyunge Kayim ora tahan merga Kayim diomongi bisane nangis tok, ora gelem ngomong. Akhire, biyunge Kayim nyekel pundake Kayim, muter balik awake Kayim. Kayim kon ngadeg neng ngarep jendela. Gorden jendela umah dibukak. Kayim sing nangise tambah seru dideleng neng wong-wong neng pengajian. Semejid pada ngguyu ndeleng Kayim neng mburi jendela dicekeli biyunge karo nangis melung-melung. Rijal karo Bekti melu ngguyu ngakak-ngakak kang pinggir umahe Kayim. 

Kayim sing wis kadung isin malah nangise nambah seru. Biyunge Kayim akhire ninggalna Kayim sing esih ngadeg neng jendela karo nangis balik meng mejid.

“AAAAAAAAAAAAAAAAAAAAAAAAAAAAAAAAA BIYUNGE TAH. HAAA... AAH HAAA... HAAAAAAA… AAAAAA....” Kayim melung-melung karo nangis.


Surakarta, 24—26 Oktober 2022

Alhas


Komentar